Aku sapa

Aku Sapa?

Aku iki sapa? Lan kowe iku ya sapa?

Manungsa iku dititahake urip neng ngalam ndonya kanthi kebak ing kekurangan, nanging akeh-akehe manungsa padha ora ngerti kekurangane awake dhewe. Kalamangsane malah rumangsa luwih sekabehane tinimbang wong liya.

Contone awakmu dhewe, piye saupama kowe diarani bodho utawa mlarat dening wong liya? Akeh sithik mesthi kowe nduwe rasa mangkel utawa ora seneng marang wong sing ngarani bodho utawa mlarat mau. Kosok baline yen ana uwong ngarani kowe kuwi wong sing pinter utawa wong sing sugih, piye rasamu? Mesthi ana rasa bombong/mongkok(bangga) lan ora nduwe rasa gething/sengit marang uwong mau.

Kabeh conto ing nduwur iku mau wus lumrah lan sangat manusiawi, jer manungsa iku nduwe sipat rumangsa seneng yen di alem lan ora seneng yen dicacat. Kamangka sekabehing pangalembana mau durung mesthi tulus, tegese durung mesthi jumbuh/cocok kalawan kahanan sing sak benere. Semono uga bab panyacating wong liya marang awake dhewe. Awake dhewe kudu pitakon marang atine dhewe, apa sebabe wong mau kok nyacat utawa ngelembana? Cocok apa ora panyacat lan pangalembanane wong mau tumrap awake dhewe?

Mula saka kuwi sedulur, mangga kita sami-sami metani awakipun piyambak-piyambak, sinten sejatosipun kula lan penjenengan niku?

Manut ujare simbah……. Dadi uwong iku aja gampang seneng yen dialembana dening wong liya, sabab pangalembana iku bisa-bisa njlomprongake awake dhewe marang jurang kanisthan lan kasangsayan. Yen ora bisa metani awake dhewe malah bisa dadi wong kang sombong, seneng pamer lan gedhe sirahe, adigang adigung ngendelake kaluwihane. Kamangka satemene awake dhewe iku durung mesthi bener lan nduwe kaluwihan kaya kang dikandhakake dening wong liya mau. Contone aku dhewe, …… akeh wong kang kandha yen aku iki jarene pinter ngoprasekake computer lan pinter main musik. Akeh wong kang njaluk tulung lan takon babagan computer marang aku, akeh wong ngalembana, jarene aku pinter ing babagan musik. Nanging bareng aku kumpul-kumpul karo wong sing luwih ahli tinimbang aku, jebul aku kuwi ora ana sak kuku irenge wong mau, jebul isih akeh wong kang luwih pinter tinimbang aku. Bareng tak gagas, jebul pangalembanane wong-wong sing ngarani aku pinter iku mau mung semu, sabab pranyata aku isih bodho, aku kudu mempeng ngangsu kawruh supaya bisa kaya wong-wong sing pinter mau.

nDonya iku amba lan bawera, ora mung sak kurebing bathok klapa. Mula awake dhewe kudu gelem metu lan mubeng supaya bisa srawung marang wong-wong sing kapinterane ngluwihi awake dhewe saengga bisa ngukur sepira kekuatan lan kapinterane awake dhewe. Saya amba lan adoh jangkahe sikil mecaki jagad, saya akeh undhaking kawruh kang dimangerteni awake dhewe, saya akeh nggone maca kahanan saya akeh uga pengalaman sing ditampa. Sak umpama uripe dhewe mung neng sak njeroning bathok klapa awake dhewe ora bakal bisa mangerteni isen-isening ndonya kang manekawarna. Ngertine mung kahanan kang ana ing sak njeroning bathok mau, kamangka sepira ta jembare bathok klapa yen dibandhingake ambaning alam ndonya?

Ujare simbah, uripmu aja kaya kodhok kang mangungkung ing sakjroning leng, sabab kowe bakal dadi wong wuta kang banter swarane. Tegese wong kang ora ngerti apa-apa nanging omongane dhuwur lan keminter.

Si kodhok rumangsa seneng dialem jarene swarane banter mula nggone ngungkung saya tambah dibanterake. Kamangka bantera kaya ngapa swarane kodhok ora bakal payu lan kepenak, beda karo bantere ocehing manuk, saya banter saya larang regane lan digoleki wong akeh.

Mula sedulur……… aja gampang seneng lan mongkok atimu yen dialembana dening wong liya, nanging oncekana kang pratitis pangalembana mau supaya kowe ora dadi wong kibir lan kufur. Semono uga yen dicacat dening liyan, aja gampang nesu lan mangkel, nanging petanana atimu bener lan orane panyacat iku mau. Yen panyacat iku bener, kowe kudu nglegawa lan matur nuwun marang wong kang nyacat iku mau sabab wus gelem nuduhake kekuranganmu. Sak upama ora ana wong kang nyacat, kowe ora bakal ngerti elekmu lan kekuranganmu mau.

Yen panyacat iku salah (ora padha karo kasunyatan sing mbok lakoni) ya aja gampang nesu, nanging panyacat iku nggonen teken supaya lakumu sabanjure luwih ngati-ati. Kosok baline bisa kanggo nonton/ngukur kaluwihan utawa kapinterane wong mau. Manungsa mono ora ana kang sampurna, samangsa-mangsa bisa kepleset ing dalan kang rumpil, mulane kita kudu njaga awak aja nganti kepleset.

Kanthi mangkono para sedulur ……………… yen awake dhewe gelem metani marang diri pribadine dhewe-dhewe Insya Alloh bakal bisa mangerteni jati dirine awake dhewe. Yen ta awake dhewe wis bisa mangerteni jati dirine dhewe mbok menawa bisa slamet uripe neng alam ndonya tumekeng ndelahan awit tansah gondhelan ing bebener lan teteken pangati-ati. Dadi manungsa aja nduweni watak rumangsa bisa nanging bisaa rumangsa. Aja rumangsa pinter nanging pintera rumangsa. Lan aja rumangsa sugih nanging sugiha rumangsa.

Aja rumangsa wis dhuwur sabab sak dhuwur-dhuwurmu isih ana kang luwih dhuwur, aja rumangsah sugih sabab sak sugih-sugihmu isih ana kang luwih sugih, aja rumangsa menangan sabab isih akeh kang bisa ngasorake sliramu.

Ana tembung wong kang sabar bakale subur, wong kang kufur bakal sasar susur, wong kang nandur kabecikan bakale ngudhuh kamulyan, kang ndhedher wisa bakal nandhang sangsaya.

Sapa aku lan sapa kowe?

Ayo padha digoleki bareng-bareng mumpung isih jembar kalangane, isih padhang rembulane. Aja sulap marang kahanan ndonya, sabab gebyaring ndonya bisa mblerengi netra. Tatanen atimu, selehna rasamu kendhalekna nepsumu supaya wening ati lan pikiranmu satemah bisa milih dalan kang bener ingkang anjog ing kautaman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar